Category: Teks Doa


Novena Medali Wasiat

Ya Santa Perawan Maria yang dikandung tanpa dosa, Bunda Tuhan kami Yesus dan Bunda kami, dengan mengandalkan perantaraanmu yang berdaya kuasa dan tak pernah sia-sia, sebagaimana begitu sering terbukti melalui Medali Wasiat, kami anak-anakmu yang terkasih dengan penuh kepercayaan memohon kepadamu untuk memperolehkan bagi kami rahmat dan pertolongan yang kami mohonkan dalam novena ini, asal bermanfaat bagi jiwa-jiwa kami yang fana, dan jiwa-jiwa yang kami doakan.

(Sebutkan permohonan).


Engkau tahu, ya Maria, betapa sering jiwa kami menjadi sanctuarium Putramu yang benci akan dosa. Sebab itu, sudi perolehkanlah bagi kami kebencian mendalam akan dosa dan kerinduan akan kesucian hati yang akan mengikatkan kami kepada Tuhan semata sehingga setiap pikiran, perkataan dan perbuatan kami terarah demi kemuliaan-Nya yang terlebih lagi.

Perolehkanlah juga bagi kami semangat doa dan penyangkalan diri agar dengan penitensi kami dapat memulihkan kembali apa yang telah hilang akibat dosa dan pada akhirnya sampai ke tempat tinggal abadi di mana engkau adalah Ratu para malaikat dan manusia. Amin.

“O Maria, yang dikandung tanpa dosa, doakanlah kami yang berlindung padamu.” 3x

Dhuh Sang Kenya ingkang suci linangkung, Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula …. (nyebut jenengé dhéwé), sanadyana boten pantes pisan-pisan ngabdi ing panjenengan dalem, ananging margi katarik ing sih kadarman dalem ingkang ngéram-éramaken punika, sarta saking kapiluyu kawula lumebat dados abdi dalem, sapunika mawi sinèksen Malaékat pamomong kawula, sarta para Minulya ing swarga, milih panjenengan dalem dados Ratu, Pangayoman lan Ibu kawula.

Kawula niyat terus ing manah badhé tansah ngabdi Paduka. Sakuwagang kawula inggih badhé mbudidaya, supados panjenengan dalem tansah dipun abdèni tiyang sadaya kanthi setya tuhu.

Milanipun, o Ibu ingkang ambek tresna, abdi dalem munjuk ngasih-asih, mugi karna rah Dalem Sang Kristus, ingkang sampun katuntasaken kanggé kawula, keparenga ing penggalih mundhut abdi dalem dados golonganing tetiyang ingkang panjenengan dalem ayomi, sarta wisudha dados abdi dalem ing salanggengipun.

Mugi karsaa tansah njangkung dhateng saparipolah kawula, sarta karsaa nyuwunaken sih, murih sasolah-tingkah kawula sampun pisan-pisan ngantos damel gerahing panggalih dalem, utawi Tyas Dalem Gusti ingkang mahasuci.

O Ibu, mugi kawula punika tansah panjenengan dalem panggalih, sampun ngantos wentala ngoncati abdi dalem ing wekdal ajal kawula. Amin.

Rosario Kecil

Tradisi gereja Katolik meyakini adanya Api Penyucian atau Purgatorium. Doa-doa orang beriman yang masih hidup di dunia sangat perlu utuk membantu jiwa-jiwa di Api Penyucian agar segera bersih dan suci berkat kerahiman Allah, sehingga mereka dapat mencapai kebahagiaan di Surga.
Begitu banyak doa-doa yang dapat dilakukan untuk membantu jiwa-jiwa di Api Penyucian agar segera bersih dan suci berkat kerahiman Allah dan salah satunya adalah doa Rosario. Dari beberapa macam doa rosario, ditampilkan disini Doa Rosario Kecil.

Dalam nama Bapa dan Putera dan Roh Kudus. Amin.

1.Yesusku, demi kebajikan dari semua keringat darah-Mu di Taman Getsemani, kasihanilah jiwa saudara-saudaraku terkasih yang menderita di Api Penyucian.
Bapa Kami, Salam Maria, Istirahat Kekal.

2.Yesusku, demi kebajikan dari penghinaan dan ejekan yang Kau derita di pengadilan, pada waktu Engkau di perlakukan sebagai orang gila dan ditukar dengan seorang penjahat, kasihanilah jiwa-jiwa di Api Penyucian yang menanti dimuliakan dalam Kerajaan Kudus-Mu.
Bapa Kami, Salam Maria, Istirahat Kekal.

3.Yesusku, demi kebajikan dari mahkota duri yang menusuk Kepala Suci-Mu, kasihanilah jiwa-jiwa yang paling terbuang dan terlupakan dan yang paling jauh dari pembebasan penderitaan di Api Penyucian.
Bapa Kami, Salam Maria, Istirahat Kekal.

4.Yesusku, demi kewajiban dari langkah-Mu yang sangat menyakitkan yang Kau alami sambil memanggul kayu salib di bahu-Mu, kasihanilah jiwa-jiwa yg mendekati pembebasan api penyucian. Demi kebajikan dari semua penderitaan yang Kau rasakan bersama Bunda Kudus-Mu saat Engkau bertemu dengannya di jalan menuju Kalvari, bebaskanlah jiwa-jiwa yang berdevosi pada Bunda terkasih-Mu terhadap siksaan Api Penyucian.
Bapa Kami, Salam Maria, Istirahat Kekal.

5.Yesusku, demi kebajikan dari tubuh kudus-Mu yang terentang di kayu salib, dari kaki dan tangan suci-Mu yang ditusuk paku, dari kematian-Mu yang kejam dari tusukan di lambung-Mu, kasihanilah dan berilah kerahiman-Mu pada jiwa-jiwa malang dan ijinkanlah mereka untuk bersatu dengan-Mu di surga.
Bapa Kami, Salam Maria, Istirahat Kekal.

Doa Istirahat KekalBerikanlah istirahat kekal kepada mereka ya Tuhan, semoga terang abadi menyinari mereka, sehingga mereka beristirahat dalam damai.
semoga jiwa para beriman beristirahat dalam ketentraman karena kerahiman Tuhan. Amin.

Dalam berdoa, ada yang merasa lebih nyaman apabila mendoakannya dalam bahasa yang sudah menjadi bahasa sehari-harinya ataupun bahasa yang mempunyai “nilai lebih” dalam tatanan berbahasa suatu masyarakat. Berikut ini adalah doa rosario yang menggunakan bahasa pengantar bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

Sembahyang Tasbèh

Konjuk
Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

Kawula Pitados
Kawula pitados ing Allah Rama Sang Mahakuwasa ingkang nitahaken bumi-langit, saha ing Gusti Yésus Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangéran kawula, ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci, ingkang nandang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang séda sarta kasarèkaken, tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking séda, mékrad dhateng Swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa, saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci lan panunggiling para suci, pangapuntening dosa, tangining badan, saha gesang langgeng. Amin.

Mugi Linuhurna
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci, kados ing mula-buka, sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin.

Pinujia
Pinujia Asma Dalem Sri Yésus, Ibu Maria, tuwin Santo Yusuf, sapunika sarta langgeng. Amin.

Rama Kawula
Rama kawula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna, Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados in Swarga. Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika, sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami, kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.

Sembah Bekti Katur Ing Putra Putri Dalem Sang Hyang Rama
Sembah Bekti Maria
Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing Allah, Pangéran nunggil ing Panjenengan Dalem sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yésus. Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu Dalem, samangké tuwin bénjing dumugining pejah. Amin

Sembah Bekti Katur Ing Ibu Dalem Sang Hyang Putra
Sembah bekti kawula …

Sembah Bekti Katur Ing Pramèswari Dalem Sang Hyang Roh Suci
Sembah bekti kawula …

Mugi Linuhurna …

Pinujia …

I. KABINGAHAN DALEM
1. Malaékat Gabrièl Nglantaraké Dhawuh Marang Ibu Maria
Waosan InjilNanging Malaékat ngandika,”Sampun ajrih Maria, panjenengan sampun manggih sih ing ngarsaning Allah. Lha punika panjenengan badhé anggarbini sarta mbabar putra kakung ingkang kedah panjenengan paringi asma Yésus.” (Lukas 1:30-31)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

2. Ibu Maria Tuwi Santa Elisabét
Waosan InjilLan sakala bareng Elisabèt ngrungu Dèwi Maria uluk salam, jabang bayi ing guwa-garba nglumba lan Elisabèt dhéwé kapenuhan ing Hyang Roh Suci banjur nguwuh kanthi sora sarta munjuk,”Sami-sami wanita panjenengan tuhu pinuji lan pinuji ugi wohing guwa-garba panjenengan.” (Lukas 1:41-42)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

3. Sang Kristus Miyos Ing Bètlehèm
Waosan InjilLan mbeneri ana ing kana mau Maria wanciné mbabar. Panjenengané mbabar putra kakung pambajeng kang nuliginedhong ing gombal lan kasèlèhaké ana ing pamakanan awit ing panginepan wis ora oman papan. (Lukas 2:6-7)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

4. Sang Kristus Dicaosaké Ana Ing Padaleman Suci
Waosan InjilLan Siméon nambut Sang Timur binopong sarwa memuji Allah, unjuké :”Ing samangké pun abdi kalilana mundur kanthi tentrem dhuh Pangéran, manut sabda Dalem, awit mripat kawula sampun nyipati pangentasan Dalem.” (Lukas 2:28-30)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

5. Sang Kristus Kapanggih Ana Ing Padaleman Suci
Waosan InjilIng telung dinané ketemu ana ing padaleman suci, lenggah ing antarané para guru, mirengaké sarta tetakèn. Kabèh kang ngrungu padha gumun marang landheping panggrahita lan wangsulané. (Lukas 2:46-47)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

II. SUMUNAR DALEM
1. Gusti Yésus Dibabtis Ana Ing Bengawan Yordhan
Waosan InjilLan dhèk samana Gusti Yésus rawuh saka Nasarèt ing tanah Galiléa, sarta dibabtis Yoanes ana ing Bengawan Yordhan. Lan sanalika bareng mentas saka ing banyu, banjur pirsa ing langit sigar, lan Hyang Roh Suci pindha dara tumurun, lan nedhaki Panjenengané. Banjur ana swara dumeling saka ing langit,”Kowé iku PutraKu kinasih. Kowé kang gawé renaKu.” (Markus 1:9-11)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

2. Gusti Yésus Paring Pratéla Ana Pangantènan Ing Kana
Waosan InjilIbu Dalem banjur ngandikamarang para abdi,”Kabèh kang didhawuhaké tindakna!” Ing kana ana genthong watu enem, dipasang kanggo wisuh miturut padatan cara Yahudi. Siji-sijiné bisa amot loro utawa telung metreta. Gusti Yésus banjur dhawuh,”Genthong iku kebakana banyu.” Genthong padha diisèni nganti kebak mancep. Nuli Gusti Yésus dhawuh,”Saiki cidhukana lan caosna ,marang sing ngasta pramugari.” Iya banjur dicaosaké. (Yoanes 2:5-8)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

3. Gusti Yésus Wiwit Mucal Lan Dhawuh Padha Martobat
Waosan InjilBakda Yoanes dicekel, Gusti Yésus banjur tindak menyang Galiléa, martakaké kabar kabungahan kang tumurun saka Allah. Pangandikané,”Wus tekan titi-mangsané, kratoning Allah wus cepak. Padha matobata lan ngandela marang kabar kabungahan.” (Markus 1:14-15)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

4. Gusti Yésus Kamulyakaké Ana Ing Gunung Tabor
Waosan InjilLan let enem dina Gusti Yésus ngathi Pétrus, Yakobus, lan Yoanes diajak minggah ing gunung dhuwur, miyambak. Lan Gusti santun warni anaing ngarepé. Agemané dadi sumorot putih memplak. Ana ing donya ora ana wong bisa musoni sing mengkono. Nabi Elias lan Nabi Musa padha ngatingal, lan ngendikan karo Gusti Yésus. (Markus 9:2-4)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

5. Gusti Yésus Yasa Sakramèn Ekaristi
Waosan InjilNuli Gusti mundhut roti, munjuk sembah nuwun, roti dicuwil lan diparingaké sarwa ngandika,”Iki Sliraku, kang bakal kaulungaké nglabuhi kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku. Semono uga Gusti mundhut tuwung, sawisé dhahar, sarwa ngandhika,”Iki tuwung Prajanjian Anyar ana ing Rahku, kang diutahaké nglabuhi kowé. (Lukas 22:19-20)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

III. KASANGSARAN DALEM
1. Gusti Yésus Sungkawa Ana Ing Taman Jaétun
Waosan Injil”Dhuh Rama, manawi dados karsa Dalem mugi tuwung punika kasingkirna saking kawula, nanging sanès kajeng kawula, karsa Dalem kalampahana.” (Lukas 22:42)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

2. Gusti Yésus Disapu
Waosan InjilWong kang padha njaga Gusti, moyoki Panjenengané lan ngantemi. Gusti dikrukubi lan diantemi wadana Dalem sarta bola-bali ditakoni, celathuné,”Wis wacanen, sapa sing ngantemi kowé iki. Lan isih akèh manèh pitembungané marang Gusti wujud cecamah. (Lukas 22:63-65)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

3. Gusti Yésus Diagemi Makutha Eri
Waosan InjilLan para prajurit ngenam makutha eri, dietrapaké ing mustaka Dalem. Nuli Panjenengané diagemi sandhangan abang jingga, banjur pada sowan matur,”Pangabekti Ratuning tiyang Yahudi” lan Gusti diantemi.” (Yoanes 19:2-3)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

4. Gusti Yésus Manggul Pamenthangan
Waosan InjilGusti Yésus ditampilan digawa lunga. Gusti manggul salib Dalem piyambak tindak menyang papan kang diarani Kalpari, tembung Hibrani Golgota. Ana ing kana Gusti disalib lan bebarengan karo Panjenengané ana wong loro kang disalib ngiwa-nengen, déné Gusti Yésus ana ing tengah.” (Yoanes 19:17-18)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

5. Gusti Yésus Séda Ana Ing Pamenthangan
Waosan InjilKanthi nguwuh swanten sora, Gusti Yésus ngendika,”Dhuh Rama, kawula masrahaken sukma kawula ing asta Dalem, lan ngendika mangkono iku, Gusti Yésus séda. Bareng penatus weruh lelakon mau, mulyakaké Allah, sarta celathu,”Mula nyata Wong iki ora salah.” (Lukas 23:46-47)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

IV. KAMULYAN DALEM
1. Gusti Yésus Wungu Saka Séda
Waosan InjilWis ora ana ing kéné, wis wungu. Élinga marang pangandikané dhék ana ing Galiléya, sing mangkéné uniné : “Wus Pinasthi Putraning Manungsa kudu diulungaké marang tanganing wong dosa, sarta disalib lan ing telung dinané bakal wungu saka séda.” (Lukas 24:6-7)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

2. Gusti Mékrad Menyang Swarga
Waosan Injil”Nuli para murid padha diajak nganti tekan Bétania, lan ngumbulaké asta. Gusti maringi berkah lan bareng karo anggoné paring berkah Gusti nilar para rasul, lan kasengkakaké menyang swarga.” (Lukas 24:50-51)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

3. Hyang Roh Suci Tedhak
Waosan Injil”Kabèh padha kapenuhan ing Hyang Roh Suci, sarta banjur padha guneman nganggo basa warna-warni, mojar manut sakaparengé Hyang Roh Suci.” (Kisah Para Rasul 2:4)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

4. Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga
Waosan Injil”Nanging kabèh iku ana urut-urutane, sing dhisik dhéwé Sang Kristus, kang jumeneng panunggul, banjur liya-liyané kang dadi kagungan Dalem Sang Kristus, yèn mbésuk rawuh.” (1 Korintus 15:23)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …

5. Ibu Maria Tampi Makutha Ana Ing Swarga
Waosan Injil”Ana pratandha katon ing langit, wanodya asingep surya lan rembulan, ana ing sangandhaping pada déné mustakané jinamang lintang rolas.” (Wahyu 12:1)
† Rama kawula ing Swarga …
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria … (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama …
† Pinujia Asma Dalem …